MENU BLOG

Wednesday 21 January 2015

ULANGAN AKHIR SEMESTER GANJIL

Wacanen sing teliti!
Budi Perkasa
Adhiku jenenge Kasih. Senengane dolanan golekan. Yen aku seneng bal-balan ing lapangan. Balku iki paringane Paklik Hartono. Pak Lik Hartono iku adhike ibuku.  
Putrane Eyang Soka ing Mojokerto ana loro, yaiku Hartini lan Hartono. Eyang Soka tresno banget marang anak lan putune, uga marang bapakku, Bambang Prakasa.Mulane aku aran Budi Perkasa.

1.   Sapa sing cerita ing wacan iku?
a. Budi Perkasa
b. Kasih
c. Bambang Prakasa
2.   Piro putrane Eyang Soka?
a. loro
b. telu
c. papat
3.   Daleme eyang Soka ana ing kutha…
a. Malang
b. Surabaya
c. Mojokerto
4.   Eyang Soka tresno banget marang …
a. anak
b. anak lan putune uga bapakku
c. Aku, adhiku lan bapakku

5.   Daleme simbah gedhe banget.
Tembung daleme basa ngokone ….
a. papane
b. omahe
c. pondhoke
6.   Santi lan Maya seneng dolanan ….
a. bal-balan
b. montor-montoran
c. golekan
7.   Kesenengane Budi yaiku …..
a. bal-balan
b. golekan
c. dakon
8.   …… sing nulisi tembok kui?
a. Apa
b. Sapa
c. Pira
9.   Anak pitik arane ….
a. thuthuk
b. kuthuk
c. luthuk
10.  Mas Ari dedege dhuwur.
Dhuwur kosok baline ……
a. kuru
b. cedhek
c. lemu
11.  …….. omahe Pak Likmu?
a. Sapa
b. Kapan
c. Ngendi


12.    Piro – Kelas – Kowe - ?. Yen ditata dadi ukara pitakon sing bener ….
a. Pira kelas kowe?
b. kelas kowe pira?
c. kowe kelas pira?
13.  Kowe saiki sekolah apa?
a. TK
b. SD
c. SMP
14.  Hasan ora mlebu sekolah jalaran lara.
  Tembung lara basa kramane?...
a. gering
b. ambruk
c. sakit
15.  Awan iki mau hawane panas.
Panas kosok baline …
a. Adhem
b. padhang
c. sumuk
16.  Jam sanga aku ws turu.
Tembung turu kosok baline…
a. tilem
b. dhahar
c. sram
17.  Anak kang lahir ndisik diarani…
a. ragil
b. pembarep
c. ugel-ugel
18.  Anak sapi arane…
a. pedhet
b. gudhel
c. cempe
19.  Ibu lagi belanja ana ing …
a. pasar
b. rumah sakit
c. kantor

20.   Lumrahe wedhus kui mangan …
a. suket
b. roti
c. daging

II. Isenono Ceceg-Ceceg Ing Ngisor Ki Kanthi Bener!.
21.  Rasane uyah …
22.  Ibu lagi masak. Yen ditulis latin ……
23.  Muleh – aku – sekolah – Fina – karo.
  Yen ditata dadi ukara sing bener …
24.  Ibu dhahar pisang.
   Pisang basa kramane …..
25.  Sita lagi …………..…. Supaya pinter
26.  Sing klebu kewan galak yaiku ……….
27.  Yen kelase reged kudu di …………..
28.  Wong tuwoku yaiku ………..
29.  Dolanan layangan ana ing ……..
30.  Wit klapa diarani ……….

II. Wangsulana Pitakon-Pitakon Ing Ngisor Kanthi Pratitis!.
31.  Aranana punakawan iku sapa wae?........
32.  Arana Pandhawa Lima iku sapa wae? …
33.  Aranana Kurawa sing jahat dhewe ing   Mahabarata!.............
34.  Aranana lima sing klebu empon-empon?
35.  Urutna tembung ngisor iki supaya dadi ukara kang bener!
          a.   Jakarta – Bapak – tindak
          b.   Dhahar – Bapak – goreng – pisang
             c.       Lomba – melu – Bima – nggambar
d.   Wae – kowe – seneng – apa - ?


0 komentar: